Gaweanmu Opo,Nal..??

Ee..wis suwe ora tahu nulis postingan nganggo boso Jowo, saiki kepinguuiinn buangeet nulis meneh nganggo boso Jowo. Rasane bungah lan luwih kepenak anggonku nulis yen nganggo boso Jowo. Lha iyo mestine ngono ya, nek nganggo boso Londo utowo boso Urdu pancen dasare aku ora mudheng babar plothas…

Durung suwe iki aku ketemu karo konco lawasku, konco sekolah biyen ning facebook. Rumangsaku awit ngerti internet, aku biso ketemu meneh karo konco – konco lawas. Senajan urung ketemu langsung ning yo wis iso gawe ati bungah. Wis welasan tahun durung tahu ketemu, ee..ora ngiro ketemune meneh malah ning facebook. Kepenak temen ya, anane media sosial ugo biso ono manfaate. Kabeh mau kari tumrape dhewe – dhewe kepiye olehe arep njukuk kemanfaatan teknologi. Biasane nek wis ketemu ning facebook podo ijolan nomere hape supoyo biso telpon – telponan, ning seringe yo ming podo SMS-an.(SMS gratisan neh..ngetokke nek podo kerene.hahaha…)

Saben ketemu konco – konco lawas sing wis suwe ora ketemu, mesti pitakone pirang – pirang. Awit takon piye kabare, kuliahmu ning ngendi, wis duwe bojo opo durung..?, anak’e wis piro, kapan nikahe, lan liya – liyane. Kayane pitakonan koyo ngono kuwi wis dadi pitakonan sing wajib. Sing ora tahu ketinggalan, biasane podo takon “Gaweanmu opo, Nal…?”… nek ora ngono ya, ” Saiki nyambut gawe ning ngendi..?”
Pokok’e takon gawean utowo nek boso gaule profesi.

Akeh konco sing podo ora percoyo karo wangsulanku yen takon gawean utowo kuliah opo ora. Lehku mangsuli yo wis opo anane, aku ora kuliahan lan nyambut gawe mburuh. Ning sing nggumunake kok malah podo maido lan ora podo percoyo, yen aku iki mung kuli kasar, urip ning ndeso. Kadang – kadang yo lungo meranto ning seje kutho, ngadu nasib nggolek penggawean sing upahe dianggep lumayan tinimbang ning desane dhewe. Ono sing percoyo, ono ugo sing maido dikirane aku goroh. Lehku mangsuli yo wis opo anane ora goroh. Nganti podo ndedesi opo sak temene gaweanku, yo tetep wae tak wangsuli podo, kuli.

Lahiyo, podo takon gawean wangsulanku yo wis bloko suto opo anane kok malah ora percoyo.?  Karepe kepiye..?
Malah podo maido, “Mosok ora kuliah,Nal..? “… “Mosok kuli, Nal..?”
Wangsulanku rakyo penak wae to, “Lha kowe iki takon opo maido, Cah..?!”
Ee lah kok genten semaur, ” Guoblok kowe, Nal. Eman – eman utekmu sing pinter kuwi ora nglanjutke kuliah. Malah dadi kuli, huopo…!!”

Ngopo yo, nek ketemu konco lawas sing ora tahu ketemu utawane kenalan sing ditakok’ke kuwi – kuwi wae, anakmu piro, gaweanmu opo, bojomu seko ngendi,?????? Mbok yo kolo – kolo takon liyane, koyoto : ” Penghasilanmu sesasine piro..?”, “Wis duwe mobil pribadi piro..?” , ” Omahmu mewah opo ming gubug reyot..?”. “Depositomu ning bank akeh opo ora..???
” Saiki bojomu wis piro….???” wkwkkwkk

Wis ah…kesel lehku ngetik..!!

16 responses

  1. mengko nek koncomu takon alamatmu neng endi? dijawab: kandangbubrah.wordpress.com…..tambah soyo bingung deweke

    Suka

    1. hahahaa…bener..bener..eh.leres..leres.ding.! sisan di kekne password yo, mas..
      lha perkoro gaweane opo nek iso ki ojo mung takon yo, mas. nek rumongso iso mbantu kancane sing ijih memprihatinkan yo direwangi ..*direwangi maido wae..hahahaaa

      Suka

  2. yen postingan nganggo boso jowo ngene kuwi sing pangerten yo mung terbatas tho kang mas..
    terus tiba’e kangmas kuwi asline megawe nangdi? ojo ojo direktur yo? πŸ˜‰

    Suka

    1. ya..ya..resikone mempersempit pembaca, cuma yang paham bahasa jawa. tp its okay..

      gaweanku macul kok Jeng.
      tapi yo matur nuwun, saya anggap itu adalah doa, mudah2an jadi direktur beneran. aamiin.

      Suka

  3. Walah Kang. Wis males aku lek ditakoni koyp ngunu. Paling-palingan chattinge tak tutup. Hihihihi…

    Suka

    1. hihi….asal ojo dibanting wae hp ne..
      tp saya maklumi saja kok, bro.
      karena lama nggak ketemu pastinya jg ingin tahu keadaan teman..

      Suka

  4. tambahan kang

    apa bahasa Jawanya ke dua kalimat di bawah ini kang, jawab ya ,matur nuwun πŸ˜›

    * dua

    *sakit

    Suka

      1. kalih iku lak basa kromo inggil kang, nek ngoko apa kang ? jawab hayo ? πŸ˜›

        Suka

      2. *lhourou
        *lo-ro…
        bener ra..? nek ijeh salah yo..
        *loro
        *awake bosok…
        hahaaa

        Suka

  5. jenenge wae pitakon kang, njawabe yo saksenengmu wae, nek iseh dipaido yo dikepruk wae wonge hahahahaha .. wong kana pancen seneng takok sing ora ora yo kang , apa iku tandane wong wonge tresna Karo awakke sampeyan ? πŸ˜›

    Suka

    1. yo mbuh tresno mbuh seneng mbuh opo wae aku ora ngerti, sing mesti angger takon akeh2e ngono kuwi.
      ming gumun wae, kok ora podo percoyo karo jawabanku, padahal wis sak jujur jujure lho..opo mergo aku iki ganteng dan pinter yo, dadi ora pantes dadi kuli macul, pantese dadi binAtang film wae..kekekeekkkkk

      Suka

      1. lumrah kang nek kancamu do ora ngandel

        ge er pancen ora dilarang kang hihhi πŸ˜›

        Suka

      2. GR dan PD kuwi kan gawan bayi, cubo mbiyen lahire nggowo mobil mewah karo duit sing akeh….

        Suka

Tinggalkan komentar