Ndeleng Thuyul

Jaman semana ning desane Bijay lagi geger jalaran akeh warga desane sing ngaku pada kelangan duit. Duit simpenan ning ngisor kasur, ning ngisor tumpukan sandangan, ning jerone lemari, nganti sing nylempit ning kutange Mbok Tugiyem bae pada ilang.
Ora nana bekase maling sing ndongkel jendela utawane lawang. Lawang Umah ya dikonci rapet, hansip siskamling ya saben bengi pada sregep patroli keliling desa. Ora nana pertandane nek duit sing ilang mau jalaran dicolong wong. Senajan wis dijaga saben bengi lek-lekan butul esuk , tetep bae saben dinane ana kabar warga sing jere kelangan duit.

Jere wong tua – tua, sing nyolongi duit kuwe dudu manungso, tapi thuyul. Bijay esih cilik,  nek jaman siki ya istilahe esih ABG, lagi lucu – lucune lan imut -imut banget…..haahaa..
Bijay karo batir – batir dolan liyane ya ming manthuk – manthuk thok nek lagi krungu wong – wong tua pada kandahan babagan thuyul.
Jerene sih, jere loh ya, wong nyong dewek ya urung tahu weruh semata – mata, sing diarani thuyul kuwe sebangsa syetan sing wujude kaya bocah cilik, ndase gundul, senenge nyolong duit.

Nganti sewijining dina sing arane Bagong wis penasaran banget kepingin ndeleng kaya ngapa wujude thuyul sebenere. Bocahe pancen madan gembeleng, kemendhel lan madan kemlithak,rambute kriting kaya mie, kulite ya sedengan ora ireng banget ning ya ora putih tapi busik.. hihihi…
Winginane bengi, miturut crita duite biyunge Bagong sing disimpen ning ngisor tumpukan cawet njero lemari ilang. Setengahe madan kepingin balas dendam karo thuyule sing jare njikot duite, Bagong banjur crita karo batir – batire kepriwe carane supaya bisa ndeleng thuyul.

Bagong : ” Ji, mambengi biyunge inyong kelangan duit. Jerene dicolong thuyul. Nyong ora trima pokoke, angger nganti ketemu karo thuyule tek gecek – gecek sisan ndase. Tapi  kepriwe carane ya men bisa ndeleng thuyul, ngerti ora kowe, Ji..??

Bijay : ” Jere si Rod carane gampang, sing penting kowe wani. Nek wedhi aja wani – wani, nek wani ya aja wedi – wedi. Priwe, wani apa ora..?”

Bagong : “Wani yah…! Temenanan apa ora kuweh.. Pokoke nyong kepingin ndeleng thuyul..”

Bijay : ” Ya temenan yah..apa nyong katon lomboan lah..? Nek ora percaya ngko mbengi jam sanga pada kumpul ning nggon biasane,ngko syarat – syarate men nyong sing goletlah..”

Bagong : ” Ya wis, pokoke temenanna lhoya.. Nek nganti nglomboni …giyeeh..!” ( karo ngethungna kepelan tangan).

Bijay  : ” Bereslah…siip..!”

******=====******

Wengine…
Bubaran ngaji ning langgar  Bijay, Bagong, Hadi, Teguh, Rod banjur pada kumpul ning nggon biasane, umahe Kaki Deprok sing lagi kosong di tinggal meranto ring kota. Si Bijay sawetara kon tunggu nek bengi. Ya asal katon ana senthir urip, syukur gelem pada di turoni. Dadi Bijay aseng batir nggo kanca tunggu umah…

Bagong : ” Priwe, wis disiapna apa urung…?”

Bijay  : ” Beress..! Lha kowe kepriwe, temenan wis siap ndeleng thuyul temenan apa ora.? Medeni lho..? Ngko gari kepoyuh – poyuh..!”

Bagong :” Wis gagian bae, nyong wis ora sranta kepengin ndeleng thuyule kaya ngapa..?”

Bijay : ” Ya..ya..iya..! Syarate kembang, lilin, rek jres,  karo banyu putih wis tek siapaken ning kebon mburitan pipir kandang ayam, nganah metu, ana Rod, Hadi karo batir – batir wis  ngenteni. Ngko aku aku nyusul..! tek njukut kaca disit, mau kelalen..”

Bagong mlaku metu, ning njaba peteng dhedhet. Pancen ora lagi padang mbulan.

Rod : ” Siap, Gong..!?”

Bagong : “Siap.!”

Hadi : ” Kuweh mripate ditutupi disit nganggo kacu.”

Bijay : ” Ora usah, kadaran peteng ikih.. Merem bae wis. Ngko nek wis rampung ritual nembe dibuka mripate. Melek.. Siki pada meneng kabeh, aja pada ngomong dewek. Ngko thuyule ora gelem ngeton.’

Bagong banjur merem. Hadi karo Rod pada gemremeng kaya wong lagi maca – maca mantra. Persis kaya dukun ning film-film karo ngobong menyan – menyanan/getah damar. Ambune semlenget banget kaya menyan temenanan.

“Hooong..huaa..mbrrrrrrr..hunnggg…mzzz..mzzzssssssttt..mbesesesesss…seszzeszzz..!”
Ora suwe, Rod karo Hadi ngusapna dlamakane maring barang bunder rupane ireng ndetheng mbuh apa, dasare peteng ya ming katon klamat – klamat. Kaya wajan sing nggo pranti njangan biyunge. Suarane dlamakan tangan thok sing krungu pating krosek..Sraaak srekk..srakk srekk…!
Se uwise kuwe banjur delamakane tangan pada diusap – usapna maring raine Bagong sing awit mau merem nggatekna temenan. Serius banget kayane kepingin ndeleng thuyul.

Bijay njur mbisiki Bagong  : ” Nah, wis rampung siki,  Gong. Bukaken mripatmu. Ngonoh melek..”

Bagong melek,  tapi ora weruh apa – apa. Anane gur peteng.
” Lah endi thuyule..? Deneng urung katon koh..?”

Bijay : ” Ngko disit, aja banter banter goli ngomong mbok thuyule kaget ngko malah mlayu.. Giye cekel kacane disit, adepna ring raimu.. Nyong tek nyumed liline men padang..”

Lilin di suled.Bagong esih njagong sila kaya wong semedi.
” Endi thuyule koh..!?”

Bijay karo batire pada merekna lilin maring raine Bagong.
” Lha kuweh thuyule..ning ngarepmu..”

Bagong : ” Mendi ..?”

Koor : “Kuweh sing ning jero kaca… Jal siki ngaca..”

Bagong : “Huaaasuuuuu….Bangkrengannnnn…..!! Bangsatttt…! Uasssuuuukkkk…suk..suk…!”

Krompyang krompyang..Kacane pecah dibalangna karo Bagong pas weruh raine dheweke cemang – cemong diwedaki langese wajan, gari matane thok sing kelap – kelip karo untune sing katon madan putih….

Wkwkekwwkekekekekkkk…

*lucu apa ora sih, yah..???

14 responses

  1. Assalaamu’alaikum wr.wb, mas Zainal…. Didoakan sihat dan sejahtera. Lama tidak bersilaturahmi. Posting di atas itu, saya hanya bisa tersenyum tetapi tidak faham apa yang dirangkaikan. Salam hormat dari Sarikei, Sarawak. 😀

    Suka

    1. wa’alaikum salam wr.wb..mbak Siti.

      terima kasih serta doa yang sama untuk mbak Siti. Saya minta maaf lama tidak mengunjungi blog mbak Siti. Kemarin saya mampir sejenak ke sana, hanya numpang baca saja. Bukan berarti kalau saya meninggalkan komentar pertanda ingin menunjukkan kehadiran dan pernah berknjung, bagi saya itu tidak terlalu penting.

      Tulisan tanpo waton (asal – asalan saja) di atas swngaja tidak saya terjemahkan dlam bahasa Indonesia, meski resikonya mempersempit ruang pembaca yg hanya faham bahasa bahasa Jawa, Bagi yang belum faham bahasa jawa tentu tulisan ini hanya menghasilkan senyum simpul, dan membuat pembacanya tersenyum saja saya sudh senang kok mbak..hahaa..
      Lain kali Insya Allah akan saya buat terjemahan Bahasa Indonesia pada postingan berbahasa jawa selanjutnya.

      salam hormat kembali dari Sintang.

      Suka

      1. Alhamdulillah, terima kasih atas kunjungan mas Zainal. Tidak apa-apa kalau tidak berkomentar yang pentingnya, silaturahmi itu tetap terjalin baik dengan membaca apa yang dicoretkan.

        Mudahan dengana adanya terjemahan tidak menyekat kefahaman pembaca seperti saya untuk memahami apa yang disampaikan.

        Salam takzim kembali. 😀

        Suka

  2. aku mocone nganti serius, bro. tak kiro postingan kuwi isine jagading lelembut, jebule jagading manungso 🙂

    Suka

    1. heheehee….padakno Zainal iki para’abnormal pow..??

      thuyule malah wedi dewe..

      Suka

  3. tuyule anake telu yo mas? hahaha…

    Suka

    1. saiki menowo wis tambah..
      suwe ora ketemu karo tuyule je..hehehee..

      Suka

  4. oalah .. jebule tuyule hihihihi 😛

    Suka

    1. sing dadi thuyul saiki wis gede, anake 3, kayane luwih cocok diarani masyul,pakyul utawa likyul..hihi..

      nek kelingan jaman cilikane akeh crito lucu tur wagu…

      Suka

      1. mbakyul yo ana yo kang ? 😛

        Suka

      2. anane ning kene mbak-el ..hehehe…

        #ah, kau telah mencuri hatiku…hahaaha…
        udu jareku lho, tapi ujare si mripat biru sing neng omahmu kae..hihiks.

        Suka

      3. anane ning kene mbak-el ..hehehe…

        *ah, kau telah mencuri hatiku…hahaaha…
        udu jareku lho, tapi ujare si mripat biru sing neng omahmu kae..hihiks.

        Suka

  5. ora konsisten kiye:
    Nek wedhi aja wani – wani, nek wani ya aja wedi – wedi. Priwe, wani apa ora..?”
    WEDHI mbok = KRikil

    Suka

    1. hahhaha..lah kadaran karo sapalah..
      ora knsisten kuwe wis dadi bagiane urip menungsa..apa maning jaman siki…

      ngerti bae loh ana “pesan” filosofis, ciyeeeeh.. sekang crita dagelan jaman cilik biyen…

      Suka

Tinggalkan komentar