Bebasan Lan Sanepan Boso Jowo

Peribahasa dan pepatah Jawa.

Adhang-adhang tetese embun : njagakake barang mung sak oleh-olehe.
Maksudnya : Biar sedikit asal dapat, daripada tidak dapat sama sekali

Adigang, adigung, adiguna : ngendelake kekuwatane, kaluhurane lan kepinterane.
Maksudnya : Sok berkuasa, sok besar, sok sakti atau sok pintar

Aji godhong garing :
wis ora ana ajine / asor banget .
Maksudnya : Tidak berharga lagi

Ana catur mungkur : ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik .
Maksudnya : Tidak suka mendengarkan omongan yang tidak baik

Ana gula ana semut : papan
sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
Maksudnya : Ada gula ada semut

Anak polah bapa kepradah :
tingkah polahe anak dadi tanggungjawabe wong tuwa.
Maksudnya : tingkah laku seorang anak menjadi tanggung jawab orang tua

Angon ulat ngumbar tangan :ngulatake kahanan menawa kalimpe banjur dicolong .
Maksudnya : melihat situasi mencari kelengahan untuk berbuat jahat/ lengah sedikit langsung sikat

Arep jamure emoh watange :
gelem kepenake ora gelem rekasane .
Maksudnya : Mau enaknya doang

Asu gedhe menang kerahe :
wong kang dhuwur pangkate mesti bae gede panguwasane.
Maksudnya : Orang yang berpangkat tinggi dan berkuasa

Asu marani gebuk : njarak marani bebaya .
Maksudnya : sengaja mendatangi bahaya

Banyu pinerang ora bakal
pedhot : pasulayan sedulur ora bakal medhotake sedulurane .
Maksudnya : Perselisihan antar saudara tidak akan memutuskan tali persaudaraan/kekeluargaan

Bathok bolu isi madu  : wong asor nanging sugih kepinteran .
Maksudnya : Orang yang biasa – biasa saja tetapi banyak ilmu pengetahuan

Bebek mungsuh mliwis : wong pinter mungsuh wong kang podho pintere .
Maksudnya : Berhadapan dengan orang yang sama – sama pintar

Becik ketitik ala ketara : becik
lan ala bakal konangan ing tembe mburine .
Maksudnya : Salah atau benar/baik atau jahat pasti akan ketahuan/terbukti juga.

Beras wutah arang bali menyang takere : barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune .
Makaudnya : Yang sudah rusak tidak akan kembali seperti semula

Bubuk oleh leng : wong duwe niyat ala oleh dalan .
Maksudnya : Orang yang punya jahat malah dapat jalan/kesempatan

Mburu uceng kelangan dheleg : golek barang sepele malah kelangan barang luwih gedhe.
Maksudnya : Mengejar yang sepele/kecil malah kehilangan yang lebih besar

Carang canthel : ora diajak
guneman nanging melu-melu ngrembug.
Maksudnya : Suka nimbrung obrolan orang lain meski nggak dimintai pendapat

Cebol nggayuh lintang :
kekarepan kang ora mokal bisa kelakon .
Maksudnya : Mengharap sesuatu yang mustahil. Semakna dengan Pungguk merindukan bulan

Cecak nguntal cagak : gegayuhan kang ora imbang karo kekuwatane .
Maksudnya :Cita – cita/keinginan yang tidak sesuai kemampuan

Cedhak celeng boloten (gupak
lendhut), cedhak kebo gupak : cedhak karo wong ala bakal katut ala .
Maksudnya : Bergaul dengan orang jahat/berkelakuan buruk akan ikut terbawa-bawa buruk pula

Dadiya banyu emoh nyawuk,
dadiya godhong emoh nyuwek,
dadiyo suket emoh nyenggut :
wis ora gelem nyanak / emoh sapa aruh .
Maksudnya : Tidak mau bertegur sapa/tidak kenal saudara (keluarga) lagi

Dandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dandhang :
ala dianggep becik, becik dianggep ala.
Maksudnya : Buruk dianggap baik, yang baik dianggap buruk.

Desa mawa cara, negara mawa
tata : saben panggonan duwe cara utawa adat dhewe – dhewe .
Maksudnya :Tiap daerah punya adat istiadat masing – masing

Diwenehi ati ngrogoh
rempela : diwenehi sithik ora
trima, malah njaluk sing akeh.
Maksudnya :Tidak tahu berterima kasih, dikasih hati minta jantung

Ayo, konco – konco, sopo sing arep nambahi bebasan lan sanepan boso jowo liyane..??
Ayo, teman – teman, siapa yang ingin menambahkan peribahasa dan pepatah bahasa Jawa lainnya..??

23 responses

  1. Kewane limo lompat ngalor endase bunder buntute bolong =

    Suka

    1. Arti nya apa

      Suka

  2. nyuwun sewu para sedulur sepuh….nyuwun pencerahan/penjelasan arti dan makna dari kalimat : DITUJU TEGUH BUNCIT UJI ADIL WARDI…….cekap semanten kemawon…kirang lepat nyuwun ngapuro…..email : widodolose@gmail.com

    Suka

  3. Kulo namung nderek nyimak kemawon kang…..
    Sae sanget meniko….leres ngendhikane rencang seng teng nginggil niku wau….terose NGURI-NGURI KABUDAYAN JAWI….

    Suka

  4. bapak polah ibu obah dadi bocah

    Suka

  5. Koyo tumbu oleh tutup : pasangan sing cocok sembarangane
    Maksudnya : Pasangan yg ideal , saling mengisi aatu dg lainnya

    Suka

  6. […] idep – idep nguri – nguri kabudayan lan basa Jawa, karo nerusake postingan Bebasan Lan Sanepan Boso Jowo #1 wingi […]

    Suka

  7. ojo nganti “kegedhen empyak kurang cagak” bro 🙂

    Suka

    1. inggih, mas. biasane sing koyo mengkono kuwi mergo kepingine dadi “gagak lar-e merak..”

      Suka

    2. nopo tegese

      Suka

      1. pengeluaran jgn sampai lebih besar dari pendapatan

        Suka

      2. bakale tombok tenan kuwi.hahaaha.

        Suka

  8. dadi kelingan aja dumeh kang 🙂

    menawa iku kang bedane wingi sing tak takokna piye nulis dua lan sakit nganggo basa Jawa, kaya sing ning ndhuwur kuwi “ana gula ana semut” nulise ora ditulis “ono gulo ono semut” … bingung dadine nek ditulis nganggo ono, ning akeh wong wong wes kulina nulise sing sakbenere “a” ditulis “O” dadi susah nek dikon nulis basa Jawane dua lan sakit, padahal sakbenere yo gampang nulise loro lan lara ora loro lan loro, bener ra kang ? 😛

    Suka

    1. bener banget, mbak. mergo “munine’ podo njur tulisane uga dianggep ngono, angele nulisake boso jowo yo ning kono kuwi..
      koyo nek nulis “thok” nggo ‘kathok’ akeh sing nulise ‘katok’.

      Suka

  9. Assalaamu’alaikum wr.wb, mas Zainal….

    Satu usaha yang baik untuk meningkatkan diri dalam bahasa ibunda agar tidak hilang dek zaman tak lekang dek hujan. Jika dilihat masa kini, sudah banyak berlaku perkahwinan campur antara bangsa dan budaya sehingga anak-anak keliru dengan bahasa dan budaya orang tuanya. Seperti pepatah melayu Bahasa menunjukkan bangsa.

    Saya lihat sukar juga ya lidah saya menyebut bunyi Jawa di atas. Translisasinya memudahkan saya faham. Anak jati Jawa sahaja yang bisa mengetahui apakah bahasa tulisan dan tuturan itu emangnya asli Jawa.

    Salam sejahtera dari Sarikei, Sarawak. 😀

    Suka

    1. wa’alaikum salam wr.wb.

      terima kasih untuk apresiasinya mbak Siti.
      Apa kabar? Semoga sehat selalu ya.

      Benar apa yang dikatakan oleh Mbak Siti, banyaknya kawin campur antara dua suku bangsa dan budaya trkadang juga mnjadi salah satu penyebab berkurangnya perhatian kepada bahasa ibu. Saya sendiri mengalami hal serupa. meskipun sama2 berasal dr Jawa tp istri berasal dr jawa barat.Ada perbedaan bahasa ibu dngan keluarga dr pihak istri. Meskipun sekarang istri telah lancar berbahasa Jawa, walaupun hanya tingkatan ngoko (bahasa sehari hari) tapi komunikasi dengan anak2 kami menggunakan bahasa persatuan, bahasa Indonesia. Alasannya biar adil saja, bail saya maupun istri tidak ada yg merasa bahasa ibunya tidak terpakai.
      Namun pergaulan anak2 sekarang sudah mulai bisa mwngenal bahasa Jawa, jadi sedikit2 kami ajarkan kepada mereka. pikir saya biar setelah dewasa mereka bisa menentukan sendiri bahasa ibu yang mana akan mereka gunakan,bahasa saya atau bahasa dr pihak istri.

      Suka

  10. dadi iling pelajaran jaman sekolah Mbiyen Kang..

    Suka

    1. eee…..saya kira Mas Dani bukan orang Jawa, kok iso jowo jebule…

      aku malah ora menangi pelajaran boso jowo ning sekolahan babar blas, ngertine yo ming seko obrolan saben dino…

      Suka

    1. monggo,masbro..! nggak mau nambahin peribahasa jawa nya nih..??

      Suka

      1. Bukanya gak mau,mas. Ndak begitu paham, hehehe 😀

        Suka

      2. saya juga masih belajar memahami basa jawa kok, bro. lahir di jw tp besarnya di Kalimantan… belajar bareng2 yuk..

        Suka

      3. boleh-boleh,kang…heheh, kalau sekedar bahasa jawa saya paham. Cuma kalau sanepan lan bebasan, itu yang aku gak kuasai…hehehe

        Suka

Tinggalkan komentar